Minggu, 02 Juni 2013

Pidato lepas pisah


Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Ingkang kinurmatan Bapak Drs. H. Hadi Winoto minangka Kepala SMPN 1 Wuluhan. Ingkang kawula hormati para bapak tuwin ibu guru SMPN 1 Wuluhan.Ugi para rencang- rencang ingkang kawula tresnani.
Dhumateng para rawuh sedaya, ingkang langkung rumiyin monggo sareng- sareng kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngersanipun Gusti Allah, ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring pinten- pinten rohmat, berkah ugi inayahipun dumateng kula lan panjenengan sami, sainggo ing dinten punika kita tansah saged kempal manunggal wonten acara lepas pisah siswa SMPN 1 Wuluhan taun pelajaran 2012/2013.
Sholawat saha salam mugi tansah dipun pinaringaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu Alaihi Wasallam ingkang sampun ndidik kita sedaya dados manungsa ingkang nggadhah akhlak ingkang mulya.
Mboten kraos sampun 3 taun kula saha rencang- rencang ngangsu kawruh wonten SMPN 1 Wuluhan. Seneng kaliyan susah sampun kita lampahi wonteng ing SMPN 1 Wuluhan. Dinten punika, dinten ingkang pungkasan kawula saha rencang- rencang kelas IX wonten mriki. Kula saha rencang- rencang badhe nerusaken lampah dhateng SMA. Mugi-mugi donganipun bapak saha ibu guru tansah nyarengi lampah kawula saha rencang- rencang kelas IX.
Salajengipun kawula haturaken kathah matur sembah nuwun, dhumateng para bapak tuwin ibu guru ingkang sampun kerso sabar, tabah, tlatos mbimbing lan ngajaraken sedaya ilmu ingkang sae dhumateng kita kanthi mboten ngenal payah, sedanten wekdalipun dipun curahaken damel ndidik kita supados kita saged dados tiyang ingkang pinter, nggadhah prestasi lan nggadhah akhlak ingkang sae.
Kathah kenangan ingkang sampun kula saha rencang- rencang alami wonten SMPN 1 Wuluhan. Kenangan meniko tansah kasimpen abadi wonten manah kita. Dhumateng bapak saha ibu guru ingkang sampun maringaken sedaya ilmunipun, mugi-mugi Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos ingkang paring balesannipun.
Kangge adhik- adhik kelas VII kaliyan kelas VIII, sampeyan ngudi kawruh sing rajin, supados saged dados siswa ingkang pinter.
Bapak tuwin ibu guru, kula saha rencang- rencang nyuwun agunging pangapunten dhumateng sedaya kalepatan ingkang sampun kawula saha rencang- rencang lampahi ngantos sak meniko.
Niki wau sakedik atur saking kawula, kathah kalepatanipun kawula tansah nyuwun agunge sih samudro pangaksami. Cekap semanten saking kawula, kula pungkasi kanthi waosan.
Billahi taufiq wal hidayah, wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar